Kembang Kemukus

Kembang Kemukus
Cerkak Karkono Supadi Putra
(Dimuat di Solopos, Kamis 07 Januari 2010)

Mripat bening kuwi mandeng aku tenanan. Aku ora kuwasa mbales delengane suwe-suwe. Dakslimurke delengaku marang wit-witan nagasari sing gumigil anteng. Sumilire angin krasa adhem nyapu kulit. Dakremes driji-drijiku dhewe, ing antarane ngrasakke rasa adhem lan uga gumreget ana njero dhadhaku.

“Apa temen Sampeyan arep lunga, Mas?” pitakonku rada mamang. Aku ngerti satemene slirane uga abot karo pepisahan iki. Teletik grimis turahane udan isih pisan pindho nelesi lemah Kemukus.

“Laras, awit mula aku lan sliramu padha ngerti kelawan sing bakal awake dhewe  adhepi. Klawan tetalian batin sing satemene luput yen terus dirumat iki.“

“Tega!”

“Banjur kudu kepriye? Aku dhewe wis nduwe calon bojo. Lan sliramu uga wis ngerti iku awit mula ketemu aku, ora ngono?”

“Aku saderma kepingin Sampeyan ora lunga saka Kemukus iki, Mas.”

“Nanging, awake dhewe mestine ngerti, apa tegese umpama awake dhewe tetep nglakoni tetalian iki?”

Saklebat aku mandeng slirane. Mripat bening kuwi malih dadi mendhung.

“Apa tegese iku, Mas?”

“Apa aku kudu njlentrehke sawiji-wiji sing satemene Sliramu wis ngerti?”

Mendhung iku malih dadi grimis: ana luh bening tumetes saka mripat lorone. Aku ngrasa ora tega mandeng mripate. Rikat, dakslimurake delengaku, adoh marang ngisor Gunung Kemukus, ing sumebyare banyu Waduk Kedungombo kang ayem.

“Yen ngono, awake dhewe kudu enggal kawin. Lamun pancen Mas Topan tresna marang aku, wujudna!”

“Banjur, kepriye nasib calon bojoku iku? Apa kudu daktinggal, banjur ngawini Sliramu?”

Yen pancen iku dalan sing luwih becik kanggo tetalianku lan sliramu, kena apa ora mboklaloni? Apa pancen sliramu ora wani? Lamun sliramu pancen ora saguh nglakoni, ateges tresnamu seprana-seprene amung ing lati. Muspra olihe niba tangi aku ngramut geni tresna iki. Geni tresna sing saben dina njajal disidem karo akal waras sing wis tumancep ing pikiranku. Iya, awit mula aku teka ing Kemukus iki wis ngrasa ora butuh tresna, amrih ora kepingin ketaton ing pungkasan. Nanging, bareng aku kepethuk Mas Topan, aku ora bisa ngapusi atiku. Aku tresna slirane.

“Kena apa ora?” pitakonku.

“Yen iku sing dadi kekarepanmu, aku ora bisa nuruti. Aku njaluk ngapura!”

“Tega Sampeyan, Mas. Sanpeyan ora tenanan tresna aku,” pangucapku karo swara gemeter. Aku tangi, banjur mlayu ninggalake slirane tanpa pamit. Luhku mbrebes mili. Aku kaya nemoni catu. Kaya kejegur ing puseran sing saya suwe saya santer lan wis ancang-ancang arep nglelepake aku.

“Laras!!” suwarane banter nyeluk aku, nanging aku ora nggubris.

***

Sore wis sampurna kasaput rupa ireng. Petenge wengi mrambat, nyigeg awakku ing jerone sepi. Aku mung meneng, gumandul ing kupinge cendela, ngiderake sawangan marang njabane cendela. Marang sorot lampu sing semorot saka warung-warung sing jumejer ana ing kiwa tengene dalan.

Malem Jemuah Pon. Kemukus nontonake rejane maneh. Ewunan manungsa beda-beda kekarep saka sakabehing panggonan tumplek bleg. Saka sing mung saderma nguber sumringah nganti sing nguber dhapukan bandha dunya, ngalap berkah.

“Wis wengi, kena apa Sliramu ora enggal dandan maesi awak, Laras?” swara Bu Suri, germa sing ramangsaku ora kayadene anggepanku sadurunge aku kenal luwih raket. Aku ngrasa slirane wis ngajeni aku luwih tinimbang wanita liyane. Apa amarga aku sing mesthi menehi slirane duwit sing akehe ora kethung, amarga aku wanita sing paling aji sing mesthi dadi royokan para tamu? Embuh. Ing omahe, saiki aku manggon. Ing sagundhuk gumuk jenenge Gunung Kemukus, puluhan kilometer ngalor saka kutha Solo. Pas ana pucuke, Pangeran Samudra lan ibu tirine, Dewi Ontowulan, dipendhem. Lan saiki kerep disambangi wong, luwih-luwih ing wengi iki: malem Jemuah Pon.

“Wengi iki aku prei, Mi…” wangsulanku. Aku nyeluk wong wadon iku Mami, kaya uga wadon-wadon liya sing megawe ing umah iki: ngladeni tamu lanang. Bu Suri nyedhaki aku, alus ngelus rambutku.

“Mami niteni, dina-dina iki Sliramu katon ora ayem. Ana apa? Apa amarga lananganmu kae arang-arang sambang mrene?”

Aku njingkat saka panggonan kang mula, marani amben ing njero kamarku. Bu Suri ngetutake.

“Laras, Sliramu iki ayu, isih enom sisan. Sliramu gampang antuk tamu sing kosenengi, malah sing sugih mbliwih sisan bisa. Apa ajine lananganmu iku, Laras?”

“Emboh Mi. Aku dhewe ora ngerti, kena apa aku ngrasa kelangan Mas Topan. Kanggoku Mas Topan beda, aku ngrasa wis kesengsem marang slirane,” luh mara-mara nyigar pipiku. Aku malih kelingan marang wayah kawitane srawung karo Mas Topan. Nalika iku slirane sambang marang Kemukus iki kanggo nggarap Tesis, nggolek data jarene. Slirane mampir ing warung iki lan akeh takon marang aku. Slirane bisa ngrubuhake pager pangreksaku saka rasa tresna. Nanging, aku ngerti sapa awakku iki. Apa pantes wadon kaya aku nresnani slirane? Lan mangsa krasa sansaya lumaku. Mas Topan malih kerep teka marang kene. Winih-winih tresna tukul antarane aku lan slirane.

Bu Suri katon kaget karo apa sing dakucapake.

“Simpen tresnamu iku Laras! Wadon kaya awake dhewe iki ora pantes nduweni tresna. Sliramu kudu bisa nglawan rasa iku. Wis, wengi sansaya nglangut. Cepet Sliramu dandan. Daktinggal dhisik, akeh tamu ing ngarep,” pangucape Bu Suri sinambi alon-alon tangi saka lungguhane.

“Mi, sepisan maneh aku njaluk, wengi iki wae, aku prei!”

Aku mlaku ijen nuruti undhak-undhakan sing tumerap. Aku ngrasa sepi ing tengah rejan. Ambune kembang setaman, menyan, rokok, uga alkohol campur dadi siji. Ah, saprene iki ambu iku kabeh sing nggembuli aku? Ambu sing satemene ora bisa daksrawungi. Kabeh mau dakpeksa mlebu ing uripku, ora krasa, aku wis nggembuli kabeh mau salawase mangsa luwih saka limang taun.

***

Aku milih lungguh ing ngisore wit Nagasari sing ora adoh saka Sendang Ontrowulan. Ing kene luwih sepi tinimbang ing dhuwur gumuk, ing pucuk Kemukus. Aku njajal ngumbar angen, supaya nelangsane ati sirna. Pangilingku mbalik tumancep marang pawakan lanang bagus sing pirang-pirang dina iki ndadekna sesek dadaku. Ngiseni pepanggononan sing kosong ana ing angen-angen sing ora bakal kegayuh: Mas Topan. Ing panggonan iki, pungkasane aku ketemu Mas Topan. Umpama aku oleh milih, temen-temen aku kepingin mbaleni mangsa, munyerake wayah. Aku kepingin ora ninggalake desaku lan minggat ing Kemukus iki. Aku kepingin srawung Mas Topan pirang-pirang sigegan wayah kepungkur. Banjur aku bisa ngrasaake endahe dadi manten bareng slirane. Nanging, apa wayah bisa gelem bali?

“Mbak, kok dhewekan wae. Gelem ngancani Aku?” pawakan lanang mara-mara wis ngadek ing ngarepku. Aku ora sreg kanggo mangsuli pengajake.

“Iki wis wengi, nanging aku durung oleh gandhengan. Eman to, adoh-adoh saka Semarang kapeksa ora nggawa asil merga mung gara-gara ora pepak olihe ngelakoni tirakat. Mbak durung ana tamu to?”

Wong lanang iku nyedhaki Aku. Aku lekas endang tangi. Aku dadi sumpek nyawang slirane. Tirakat sing durung cetha bener orane lan ora bisa dipikir akal waras. Kanggo mujudke impen kudu kelon karo wong sing dudu bojone dhewe.

“Ngaca dhisik yen arep ngajak-ngajak wong!” pangucapku nyeplos karo kesusu nyingkrih.

“Woo…. dhasar ciblek!” samar dakrungu celathune wong lanang iku. Aku ora nggubris. Aku enggal mlayu.

Nalika lagi wae aku mlebu warung Bu Suri, dumadakan aku nemoni sapasang mripat sing cemorong ana ing tengahe remeng-remenge cahya. Getihku mangsek, kemrenyeng. Aku wanuh marang mripat iku. Sapasang mripat sing ndadekake wewayah iju lustru ana ing ngarepane. Banjur, ana ing pisan pindho sigege wayah, ilatku ora nduweni daya kanggo nyuwara.

“Larasati, aku pingin ngomong!” pangucape karo gedandapan. Aku isih matung, kaget karo kadadeyan iki.

“Laras, aku nyerah. Aku ngakoni yen aku ora bisa ninggalake Sliramu.”

“Temenan, Mas?”

“Aku wis njajal nglalekake Sliramu, nanging ora bisa. Saiki Sliramu melu aku. Awake dhewe rabi, dadi bojo sing sah. Sliramu kapiken lamun mung dadi kembang ing Kemukus iki Laras.”

Sepisan iki dadaku kebak sesak kisenan kembang. Kembang maneka rupa saka nagari sing mung rasa seneng wae sing manggon ing kana.

***

Categories

A sample text widget

Etiam pulvinar consectetur dolor sed malesuada. Ut convallis euismod dolor nec pretium. Nunc ut tristique massa.

Nam sodales mi vitae dolor ullamcorper et vulputate enim accumsan. Morbi orci magna, tincidunt vitae molestie nec, molestie at mi. Nulla nulla lorem, suscipit in posuere in, interdum non magna.