| Garwo Noto Ngestino sesilih Dewi Banuwati
Dewi Banuwati…, lamun cinondro warnane sang dewi kurang condro luwih warno
Dedege pidekso…, kumpul sing cendhek ora kedhuwuren
Awor sing dhuwur ora kecendheken
Kulitan kuning nemu giring koyo emas disangling
Rikmo ngemak ngembang bakung…, ireng memes rodo ijo
Bathuk nyelo cendhani
Alis nanggal sepisan njlirit dumugi ing godhek
Netro lindri-lindri ambawang sebungkul
Grono rungih lir winangun…, pipi nduren sajuring
Lathi manggis karengat…, wojo rentet miji timun
Yen mesem ketingal wajane gumebyar koyo mutioro rinonce
Yen ngendiko tregal-tregel rodo groyok nanging mboten nate cewet
Jonggo manglung ngolan-olan…, pundhak nraju mas
Tangan nggendhewo gading…, driji mraji mucuk ri
Dhodho weweg ndemenake…, bangkekan nawon kemit
Sukumu kang gangsir…, kempol koyo kemanak
Tungkak bunder koyo dibubut
Yen mombrong katon mencorong…
Yen mbesengut wimbuh patut…
Yen tanggal nom melu nom…
Yen tanggal tuwo wangsul dadi prawan sunthi
Kaladuke panyondro Dewi Banuwati pendhak telung dino mundhak ayune
Ora ngemungake poro priyo…
Senadyan poro wanito kathah ingkang sami cipto kasmaran. |