SERAT KAGEM BAPAK REKTOR UM

SERAT KAGEM BAPAK REKTOR UM

(Surat Untuk Bapak Rektor UM)

 

Ingkang Minulya Bapak Rektor Universitas Negeri Malang
Salam Taklim, Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dinten Jumat enjang, tanggal 10 Juanuari 2013 kula maos layang kabar Jawa Pos Radar Malang, kaca (halaman) tigangndasa tiga, wonten ing lebeting layang kabar menika, Panjenengan mratelaken bilih  wonten ing kalenggahan menika, UM angutus Wakil Rektor I sowan dhumateng Dewan Perwakilan Rakyat RI saperlu ngrembag bahasa nusantara (bahasa daerah) ing pangajab mugi taksih lumebet ing kurikulum 2013.
Kula pribadi anjentung utawi gumun, kenging menapa piwulangan bahasa daerah dipun bucal lan bade dipun gantos muatan lokal arupi Pendidikan Lingkungan Hidup. Ateges Piwulangan Basa Jawi wonten ing sekolah dasar (SD) saha sekolah menegah pertama (SMP) ingkang adilihungung menika, bade ical saking jagatipun budhaya.
Leres atur Panjenengan bilih aturan utawi pranatan kasebat kelentu utawi lepat. Senaasa kula menika tiyang asli Kitha Malang, ananging taksih ancengkuyung utawi nguri-uri basa Jawi ingkang adhiluhung. Manah kula mongkog/bombong/bangga, dene Panjenengan anggadahi pratikel ingkang utami. Awit saking menika keparenga kula badhe unjuk atur prakawis Basa Jawi saha Kabudhayan Jawi kados makaten:
angka setunggal, basa Jawi badhe lestari bilih dipun ginakaken saben dinten wonten ing pawiyatan utawi sekolahan kanthi mendhet wekdal kirang langkung setunggal jam. Dados guru kaliyan murid wonten ing saklebetipun pawiyatan ngginakaken basa Jawi;
angka kalih, kabudhayan Jawi arupi ringgit purwa (ringgit tiyang/wayang wong) dipun wulangaken dhumateng para siswa kanthi ngginaken basa Jawi ingkang prasaja/sederhana utawi ontowacana ingkang sampun dipun pendhet inti cariyosipun; lan
angka tiga, falsafah Jawi wonten ing salebetipun cariyos ringgit purwa  menika dipun pendhet ingkang cecek kaliyan pendidikan karakter. Lajeng dipun damel bahan piwulangan pendidikan karakter.
Namung menika ingkang saget kawula aturaken dhumateng Panjenengan, bilih wonten rembagan ingkang kirang mranani penggalih, kawula ngaturaken samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Warahmaullahi Wabarakatuh.
Malang,  Dinten Minggu Wage, 8 Mulud  1946 (20 Januari 2013),
Saking kula,
Djoko Rahardjo
Staf  Subbag Sarana Akademik BAKPIK UM

Post Author: humas admin

Comments are closed.