DUEL BETWEEN SUMANTRI AGAINST SOSROBAHU (PART TWO)

DUEL BETWEEN SUMANTRI AGAINST SOSROBAHU
(PART TWO)

By Djoko Rahardjo*

Bambang Sumantri  angutus abdinipun ingkang asma Narpati Soda kaliyan Narpati Kalinggapati kinen ngaturake serat  dhateng ingkang sinuwun Mohoprabu Arjuna Sosrobahu ing Negari Mahespati. Radi dangu narpati kekalih  anggenipun lumampah, anunten sampun dumugi ing regol kedhaton. Kanthi ngginakaken tatakrami nalendro agung, utasan kalawau lumebet, sowan dhumteng ngarsanipun ingkang Sinuwun Mohoprabu Arjuno Sosrobahu.
Bambang Sumantri menyuruh abdinya yang bernama Narpati Soda dan Narpati Kalinggapati untuk menyerahkan surat pada yang terhormat  Maharaja Arjuna Sasrabahu di Negara Mahespati. Agak lama narpati berdua dalam perjalanan , kumudian sampailah di pintu gerbang istana. Dengan menggunakan tatakrama/tatatertib perwira tinggi, utusan tadi masuk, menghadap ke depan yang mulia Mahaprabu Arjuna Sasrabahu.
Serat saking Bambang Sumantri kalawau dipun aturaken dhateng ingkang sinuwun. Mboten dangu anggenipun nampi lajeng serat kawaos kanthi ngungun, ing  batos: “ Sumantri…, Sumantri! Ya…! Ingsun mangerteni apa sing dadi kekarepanmu. Pancen bener apa sing siro kandake. Wis okeh rojo utowo nalendro sing wis siro asorake. Mung kari siji rojo sing durung kok jajal kasektene, yo iku ingsun pribadi. Perang tanding mungsuh sliramu bakal tak sarujuki”. Saksampunipun serat kawaos, lajeng dipun lebetaken dhateng kotak alit ingkang sumadyo wonten ing mejo.
Surat dari Bambang Sumantri tadi diserahkan kepada yang mulia Maharaja Arjuna Sastrabahu tadi diserahkan pada yang mulia. Tidak lama kemudian surat itu dibacanya, dengan tertegun, dia berkata di dalam hatinya: “Sumantri…, Sumantri! Ya…! Saya mengerti apa yang menjadi keinginanmu. Memang benar apa yang engkau katakan. Sudah banyak raja dan kesatria yang sudah engkau kalahkan. Hanya tinggal satu saja raja yang belum engkau kalahkan, yakni diriku pribadi. Perang tanding (duel) melawan dirimu akan saya setujui”. Setelah surat tersebut selesai dibaca, kemudian beliau memasukkan ke dalam kotak kecil yang tersedia di meja.
“Abdi ingsun Narpati Soda lan Narpati Kalinggapati ,  dina iki uga, sliramu sakloron dak jaluk ngantheni ingsun lunga menyang tapel wates Negoro Mahespati, saperlu amethuk Bambang Sumantri dalah Dewi Citrowati lan para wadyabala Magada. Ingsun utus sliramu anggawa kreta perang loro cacahe. Siji ingsun dhewe sing ngusiri lan kreta sing nomer loro kowe sakloron sing numpaki”.
“Abdiku Narpati Soda dan Narpati Kalinggapati, hari ini juga, kamu berdua saya minta mendampingiku berpergian ke perbatasan Negara Mahespati, keperluannya menjumpai Bambang Sumantri dan Dewi Ctrowati beserta para pengantarnya dari  Magada. Saya minta kamu membawa dua kereta perang. Satu saya sendiri yang mengendarai dan kereta perang yang kedua kamu berdua yang mengendarai”.

“Nyuwun agunge pangaksami bilih abdi dalem kumowani taken dhumateng panjenengan dalem ingkang Sinuwun, wonten  kawigatosan menapa kedah ambeta kreta perang?”
“Mohon maaf yang sebesar-besarnya kepada yang mulia bila abdimu memberanikan diri bertanya, ada kegiatan penting apa harus membawa kereta perang?”

Malang, 25 Juni 2012

 *) Staf Subbag Sarana Pendidikan BAAKPSI UM

Post Author: humas admin