Manajemen Mbendol Mburi Penceng Sisih

MANAJEMEN MBENDOL MBURI PENCENG SISIH

(Manajemen Benjol di Belakang Miring ke Samping)

  

Sampun radi dangu anggen kula mirengaken suwantenipun sedherek kantor ingkang ngayahi tugas dados Pemegang Uang Muka Kerja (PUMK), ingkang kawratan anggenipun ndamel Serat Pertangungjawaban (SPJ). Menapa ta sababipun? Para kadang ingkang minulya, kula kinten tiyang sedaya sampun mangertos bilih arto utawi dana ingkang sampun dipun damel kegiatan kedah dipun laporaken dateng pemerintah.
Sudah agak lama saya mendengarkan suara teman-kantor yang melaksanakan tugas menjadi Pemegang Uang Muka Kerja (PUMK), yang kesulitan untuk membuat Surat Pertanggunganjawab (SPJ). Apa sebabnya? Para sahabat yang terhormat, saya kira semua orang sudah mengerti bila uang atau dana yang sudah digunakan untuk kegiatan harus dilaporkan kepada pemerintah.
Sebab-sababipun arto atawi dana ingkang mboten saget dipun pertanggungjawabaken, antawisipun pelaksanaan kegiatan geseh utawi mboten cecek kaliyan perencanaan, umpaminipun jumlah tiyang ingkang dipun undang rapat kirang utawi mboten nyekapi kuorum. Kedadosan kados menika asring sanget.
Sebab-sebab uang atau dana yang tidak dapat dipertanggungjawabkan, antara lain pelaksanaan kegiatan berbeda atau tidak cocok dengan perancanaan, umpama jumlah orang yang diundang rapat kurang atau tidak memenuhi koarum. Kejadian semacam ini sering terjadi.
 SEMAR

 

Keparenga kula unjuk atur bab rapa-rapat ingkang dipun wontenaken ing kantor pusat, lembaga, fakultas ngantos dumugi ing unit kerja ingkang paling alit, inggih menika kantor sub bagian, dipun damelaken piranti software ingkang mratelaken bilih bapak dosen utawi ibu dosen:umpami, dinten Senin Kliwon, 2 November 2015, jam 08.00 wib. ngayahi tugas nguji skripsi mahasiswa prodi S1 basa Jawi. Dados…, mboten wonten bapak/ibu dosen utawi tenaga kependidikan ingkang bingung anggenipun mbagi wekdal.
Perkenankanlah saya mengusulkan tentang rapat-rapat yang dilaksanakan di kantor pusat, lembaga, fakultas sampai dengan unit kerja yang paling kecil, yaitu kantor sub bagian, dibuatkan piranti software yang menerangkan bahwa bapak dosen atau ibu dosen, umpama hari Senin Kliwon, 2 November 2015 sedang menguji skripsi mahasiswa prodi S1 bahasa Jawa. Jadi…, tidak ada bapak/ibu dosen atau tenaga kependidikan yang kebingungan dalam membagi waktu.
Menika kalawau namung panggraitanipun batur utawi punakawan ingkang anggadahi tanggel jawab dados embat-embating pitutur. Supados ing tembe mboten wonten kedadosan ingkang adamel bingungipun bapak utawi ibu ingkang ngayahi tugas PUMK. Mugi Bapak utawi Ibu Pimpinan Universitas Negeri Malang (UM) kersaa nampi usul saking kula, Ki Semar Djoko Rahardjo.
Itu tadi hanyalah angan-angan seorang pembantu pimpinan atau pegawai kecil yang memiliki tanggung jawab sebagai abdi negara. Supaya dikemudian hari tidak ada kejadian yang membingungkan bapak atau ibu yang bertugas menjadi PUMK. Semoga Bapak atau Ibu Pimpinan Universitas negeri Malang (UM) berkenan menerima usul dari saya, Ki Semar Djoko Rahardjo.
 

Malang, 2 November 2015

Djoko Rahardjo, Tenaga Kependidikan LP3 UM

Post Author: humas admin

Leave a Reply

Your email address will not be published.