#OsobKiwalanUM eps. 2: Macem-Macem Genaro sing Bakal Umak Temoni pas Oyoir

Tamales igap, #CivitasUM!

Yokpo asaupe? Tamanges terus wis oyi, nek kadit halangan ojo bolong, oke?

Kadit keroso maringene wis oyoir. Ndek dino sing suci iki, umak mesti bakal ketemu kanyab genaro pas silaturahmi, opo maneh ketemu dulur-dulur. Osi ae umak ditekani dulur-dulur, utawa umak sing nekani. Nah, kadit mungkin kan nek genaro-genaro sing umak temoni iku gayane podo hebak? Mesti macem-macem gaya ambek polahe.
Kanyabe genaro sing bakal umak temoni pas oyoir maringene, mesti bakal nggawe oyoire umak tambah berkesan. Macem-macem genaro ambek tingkah polahe sing macem-macem pisan iki bakal nggawe kumpul-kumpul pas oyoir tambah komplit.
Ndek rubrik #OsobKiwalanUM iki, ayas arep ngekeki macem-maceme genaro pas oyoir sing diolah teko hipwee.com ambek ono piro-piro perubahan teko penulis:

1. Sing senengane ngedum-dum ojir THR-an pas kumpul bareng ambek keluarga

Engkuk pas kumpul-kumpul gawe oyoir-an, mesti ono ae dulur-dulure ebes utowo emese umak sing senengane ngedum-dum ojir THR-an. Ker, nek pas ketemu sing koyo ngene iki, umak kudu mesem samesem-meseme ndek ngarepe. Lungguh ndek cedeke nek osi. Ben engkuk pas ngedum-dum ojir THR-an, umak siap ndek garis terdepan!

2. Sing senengane nokat-nokati umak

Nah ker, nyatane ono pisan genaro sing senengane nokat-nokat pas kumpul oyoir-an. Hebak dinokati. Mulai penggawean, asmoro, kesehatan (padane rubrik zodiak ndek majalah-majalah ae). Gae umak sing sik ewedan, durung kerjo, durung lulus haliuke, mending ojo ngomong suwe-suwe karo genaro sing senengane nokat-nokat, ben atine umak tentrem terus sampek prei oyoir entek!

3. Sing senengane ngentekno nakaman, kadit noleh kiwo-tengen

Nah, sing nomer telu iki, umak mesti seneng kan? (ngaku wis!). Sing paling dienteni pas oyoir saliyane kumpul ambek dulur-dulur iku nakaman sing kanyab ilakes, enak-enak hebak maneh. Mari poso sawulan, sarapan ambek nakam awan dadi sing paling dikangeni. Polae iku, pas oyoir kanyab sing nakam terus mulai mari sembahyang ‘id sampek sore, pokoke hebak nakaman dijajali terus! (asline kadit opo-opo sih ngene iki, mumpung nakamane kanyab, kadit helob dideloki tok).

4. Sing senengane pamer hebak sing ono ndek awake

Umak mesti bakal ketemu genaro-genaro sing nggunakno kumpul-kumpul pas oyoir gawe nduduhno awake. Kadit ono sing nokat padahal, tapi genaro sing koyo ngene iki terus ae ngomongno hebak sing kipa-kipa ndek awake. Misale:
“Sam, iki lho IP-ne ayas papat semester wingi, umak piro? Loro seprapat oyi? Mbekne, kadit nyontoh ayas seh pas ujian.”
“He ker, ayas wis keterimo kerjo ndek pabrik utapes lho, kadit koyo umak, rudit tok kadit kerjo-kerjo!”
“Dulur-dulur sing sik ewedan hebak, ayas mben arep tunangan lho.”

5. Sing manfaatno kumpul-kumpul iki gae bisnis

Ono sing nduduhno awake ewed koyo ndek nomer papat, umak bakal ketemu sing nduduhno bisnise. Niate sih mumpung podo ketemu kan, mesisan ae dikenalno MLM sing dimeloki, sopo itreng ono sing minat pisan? Nayamul lho, oyoir dadi sumber berkah dunyo-akherat.

6. Ono ae sing njaluk ojir THR-an *hmtalah

Biasane iki ponakan utowo adik misanane umak sing sek di-bawah-umur. Sakjane, (menurut pengalamane ayas :)) dedek-dedek iku mek butuh ojir gae ukut bahan-bahan peledak, koyo mercon ambek petasan iku lho.

7. Mak comblang. Mulai jaman alip pancet ae: seneng njodoh-njodohno genaro

Umak kadit dinokati opo umak sik ewedan utowo kadit, opo pingin ndolek ojob utowo kadit, biasane ono ae sing teko ambek ngenalno salah ijis genaro. Kane-kane nakam rengginang (sing ono ndek kaleng Kho****an), moro ono ae sing teko, ngenal-ngenalno adike, padahal pacare umak lungguh sebelahan karo umak!

8. Ewedan tok, kadit seneng kumpul

Pas ketemu, umak mek salam-salaman ambek ngucapno “tamales Idul Fitri, minal aidin wal faizin, njaluk sepuro lair-batin”. Mari iku, awake lungguh ewedan maneh, meneng sameneng-menenge. Nek ono sing arep omong-omongan, mesti ono ae carane gawe ngadoh. Kadit usah bingung, nek ketemu dulurmu sing modelane ngene iki pas oyoir, paling awake wedi dinokati: “Asaupe sawulan penuh kan?” Padahal asaupe seminggu ping utas (senengane mokel iki), kan sedih. 🙁

9. Kadit peduli oyoir, rasan-rasane pancet jos!

Jarene ebes emes sih, nek wis kebiasaan, soro ngilangnone. Kumpul-kumpul oyoir sing kudune gae saling njaluk sepuro, pancet ae rasan-rasan. Osi ae umak pas oyoyir maringene iki ketemu (maneh) karo sing modelane koyo ngene iki. Kadit opo-opo! Paling iku oleh-olehe pas Ramadan, utas wulan ngempet-ngempet nek arep rasan-rasan; Ramadan wis mari, langsung dilampiasno.

10. Dulur sing senengane motret (Sie Dokumentasi andal)

Ojo salah, ker! Sie Dokumentasi iki oyi kudu ono pisan pas oyoir, kadit pas ono acara kampus tok! Biasane, sopo ae sing lagi nggowo kamera (analog/digital), masiyo kadit pinter-pinter nemen ndek bidang fotografi, mesti ngabadekno hebak momen pas oyoir. Foto pas nakam-nakam, foto pas omong-omongan, foto pas kumpul-kumpul, sampai foto keluarga besar pitung turunan. Siap-siap oyi nek H+1 oyoir, Sie Dokumentasi iki nge-tag umak ndek IG!

11. Dulur sing senengane niam medsos

Arep ladub sembahyang ‘id, eh dijak selfie gae diunggah ndek medsose. Pas khotib munggah mimbar, eh umak di-tag ndek FB-ne. Pas nakam-nakam, eh hebak nakaman diunggah. Pokoke, eksis terus!

12. Dulur sing senengane genti pacar

Umak osi ae ketemu dulur sing ben oyoir mesti nggowo pacar anyar. Paling nek oyoir mek ukut klambi anyar wis asaib soale, oyi?
Penulis: Muhammad Iqbal Fakhrul Firdaus – Fakultas Pendidikan Psikologi (FPPsi) UM
Editor: Arvendo Mahardika

———

Mulai 6 Juni 2018, Redaksi membuka rubrik #OsobKiwalanUM setiap hari Rabu untuk mengenalkan dan melestarikan bahasa walikan khas Malang. Redaksi menerima tulisan (sekaligus terjemahannya) dari #CivitasUM dengan mengirim tulisan ke internshiphumas@um.ac.id dengan subjek “Osob Kiwalan – Nama – Fakultas/unit kerja”. Tulisan menarik akan dimuat.

Post Author: humas admin

Leave a Reply

Your email address will not be published.